Geguritan tema keadaan pemerintah

Aja Salah Kaprah
Dening : Siti Solikhah
Jaman wis berubah
Mbien perang nglawan penjajah
Saiki nglawan pemerintah
Pemerintah sing endi-endi salah

Mbien senjatane pedang
Saiki modal kebecikkan
Kudu tanggung ana ing saben polah
Kanggo pemerintah sing lagi bebenah


Sapa sing Salah
Dening : Siti Solikhah
Indonesia
Negri sing wis tansah merdeka
Merdeka saka para penjajah
Nanging perjuangan ora bisa uwis
Malah kudu ditambah
Bener ora perang nglawan londo
Nanging nglawan pejabat negara
Sing sapa salah karo negara
Lali yen dadi wakile warga


DPR Lagi Tangi
Dening : Siti Solikhah
Kabeh panas
Kabeh demo
Kabeh ora tenang
Merga siji kebijakan
Sing di gawe para DPR
Ana ing pojoke njabat
Malah gawe putusan kang ora tepat
Kerja ana ing pucuke dina
La wingi-wingi nangdi?
Ngapa saiki lagi tangi
Nanging ya sori
Ora kabeh disetujui


Ibukota Pindah
Dening : Siti Solikhah
Jakarta
Ibukota Indonesia
Panggonan ngrantau para warga
Nyambung urip nggo kaluarga
Nanging saiki
Ibukota jare pindah
Ana ing Kalimantan Tengah
Apa iya kabeh bakal berubah
Kabeh keputusan pemerintah
Angel anggone diowah-owah


Ganti Mentri
Dening : Siti Solikhah
Negara maneh rame
Merga mentri sing anyar iki
Akeh sing padha diganti
Ibu Susi wis ra maneh dadi mentri
Gena Nadiem Makari
Ninggal metu saka Gojek saiki dadi mentri


Korupsi
Dening : Siti Solikhah
Korupsi
Penyakit negara sing paling ngrugeni
Nanging angel di basmi
Merga pejabat sing duwe pangkat
Luwih kuasa marang negara
Pancene ora adil
Nanging wong cilik bisa apa
Mbaok ra di reka
Demo gur di tampa
Nanging ora ana sing bedho
Korupsi ana nang ngendi-ngendi

Sejarah
Dening : Siti Solikhah
Nalika sejarah
Pada dilali marang pemerintah
Dunya kadya ubenge jarum jam
Kabeh mung padha lelakone

Lan nalika wektu
Kanggo ngubur mangsa sing wis kelakon
Bakal ana cerita rerintihan
Dadi pasugatan ing saben dinane

Sejarah
Dudu awujud barang
Gene saiki wis keguang


Tresna mareng angkoro?
Dening : Siti Solikhah
Nyepo manungso gawe kawur bener seneng kepadan
"Ora nok, mung ngono bener e"
Mung lambe kita kebacut nyocot tanpa isi
Orator? Narator? Opo profokator butuh isi kanggo kotbah niat angkoro

Opo pelangi olo kanggo udan, monggo pangerteni dewe arti kebhinekaan

Kraton ingkang daleme pelawak, kanggo ngerias angkoro dadi aturan kang bener.
Neng kene, gusti butuh seragam kanggo mengerti iman.
Laknat, Radikal podo mabur golek tumbal.
Sing waras dadi edan
Sing edan dadi wong gede negoro lan agama

Kabeh kebodon
Monggo tiang alet percoyo marang politik tanpo Doso
Ayo kabeh ngelompok karo kelambi sing podo warno

Sak iki kulo iso muni
Ayo balik karo sing kuasa
Opo dewe mileh mati bareng kebenaran


Prihatin
Dening : Siti Solikhah
Kabeh wis berubah
Negara wis beda
Jaman uga wis sansaya tua
Ora maneh pada adem

Bencana ana ing kana kene
Bencana alam uga bencana kamanungsan
Tegal sing pada kobongan
Uga angin topan ana ing ngendi papan

Kudune kabeh padha waspada
Ora malah gawe geger negara
Ayo ta para pemuda
Prihatin anggone majune bangsa

Dadi siji gawe mbangun negri
Aja malah gawe nangis bumi pertiwi


Permatane Negara
Dening : Siti Solikhah
He wong enom..
He bocahe Indonesia

Tangioo
Tangio saka males mu iki
Tangio saka sikap ra peduli mu

Negara iki tanggung jawabmu
Negara iki urusanmu
Masa depan negara ana ing tanganmu

Arep tekan kapan he wong enom?
Koe padha sak kepenak e dhewe
Gawe masalah rono rene
Ra peduli marang kahanan negara dhewe

He cah enom
Koe kabeh kui
Kuncine negara
Koe kabeh masa depane negara
Koe kabeh permatane negara

Komentar