Geguritan tema katresnan

Mblenjani Janji
Dening : Siti Solikhah
Tansah kebacut atiku ngenteni
Sak suwene koe ana ing kuta Pati
Ngenteni kapan anggonmu bali
Nyambung rasa sing tau koe janjeni

Nanging, apa saiki??
Pancen nyatane koe bali
Nyambung rasa marang wong liya
Ninggal aku kanthi janji sek mbok blenjaji


Tresna Jarak Pathi
Dening : Siti Solikhah
Wengi iki bareng tibaning banyu udan
Uga netes eluh ana ing pipi
Mrebes mili kang mas mu iki nimas
Nyandang kangen marang awakmu

Wis telung tahun kepungkur awakmu bali
Semono suwene uga wis ora krungu tangismu ing tengah wengi
Aku ikhlas nimas awakmu bali
Ikhlas nyimpen tresna lan kangen iki
Merga aku ngerti, ngesuk aku bakal nyusul awakmu ing sandinge Gusti


Esemmu
Dening : Siti Solikhah
Esemmu gawe bungahe atiku
Nalika sepisan ketemu
Ing pungkasaning wektu ndalu
Nanging kabeh kui dadi ambyat
Nalika sliramu njaluk bubar
Sliramu teka nggawa tresna
Nanging lunga ninggal lara


Kebon Gandul
Dening : Siti Solikhah
Sore iki ing njogan omah
Nyawang montor lewat ngalor ngidul
Aku ngrasa seneng banget
Kelingan mau ana ing kebon gandul

Mas Aji Budisorah
Jeneng kang gawe aku bungah
Awan mau ngungkapne tresna
Marang aku sing iya padha


Mas Aji
Dening : Siti Solikhah
Mas Aji budisorah
Bapake pancen dudu lurah
Apa maneh pejabat pemerintah
Namung anak buruh sapi perah

Udu banda sing gawe tresna
Tapi sikap uga tata krama
Ngluwihi sing dadi anak mentri
Mas Aji luwih gemati marang bapak lan ibu Resti


Kanggo Bapak Ibuk
Dening : Siti Solikhah
Pak buk..
Anakmu kangen
Pie kabare pak buk?
Muga apik sekabehane

Dongane pak buk
Anakmu sehat uga lancar ana ing kene
Mbesok bali nggowo bukti
Tresna marang keluarga


Pasangan Kang Mas
Dening : Siti Solikhah
Mas
Eling pora sliramu mas?
Tahun wingi nang tanggal iki
Ana ing taman mekar sari
Iya mas
Wis setahun awak dhewe kenal
Ngrajut asmara sing kebak tantangan
Ora nyangka ora ngiro
Sedhela maneh mas
Crita anyar bakal dhewe tekani
Dadi pasangan suami istri


Klambi kembang-kembang
Dening : Siti Solikhah
Sapa mau?
Wadon ayu ing tengah pasar
Nyangking kranjang tuku tahu
Nganggo klmabi kembang-kembang
Cah ayu
Sapa jenengmu
Salahe aku ora wani mara marang sliramu
Saiki nyesel ora ngerti kapan bisa ketemu


Tangise Adhik
Dening : Siti Solikhah
Wis ta dhik
Meneng aja nangis terus
Mbakyu iki iya bingung dhik
Kabeh wis kebacut kaya ngene
Ora ana sik bisa disalahke dhik
Kabeh wis dalane saka sing gawe urip
Wis ta dhik
Cukup donga sing dikirimke
Kanggo bapak ibuk saiki dhik
Dhewe kudu lanjutna urip
Bapak ibuk wis ayem sandingan marang Gusti


Jam 3 Wengi
Dening : Siti Solikhah
Pancene kabeh kui
Perlu disyukuri paringane Gusti
Aja lali uga padha nguwehi
Marang sapa sing mbutuhake

Pancen wayahe sepi
Menungsa liya pada ngaso
Nanging ana ing jam 3 iki
Wektu kang pas gawe pasrah marang Gusti

Jam 3 iki
Ana ing sepertelu isuk iki
Aku ngadep marang Gusti
Senajan isin merga dosaku sek ra nguati
Nanging Gusti
Tresnamu ora ana sik nandingi

Komentar