Geguritan tema alam

Syukur Marang Gusti
Dening : Siti Solikhah
Isuk iki langit katon cerah
Angin uga kanthi sumilir ngrajut awak
Swara manuk sing pating cruit sesambungan
Nambah tentrem rasa ing ati

Gusti tansah wis maringi
Kabeh sing dibutuhke umate ing bumi
Saiki kabeh tergantung awak dhewe
Kepie le syukur lan nikmati sing wis di keki


Banjir
Dening : Siti Solikhah
Udan sewengi-wengi
Ora mandek sedela wae
Kali ora kuat nampung maneh
Banyu mludak saka tempat sik disediani

Banjir mlebu desa
Akeh omah pada kena
Sekolah prei uga kerja
Ngungsi ana panggon sing aman


Panyawangku
Dening : Siti Solikhah
Wanci wayah sore
Tak sawang kiwa tengen sing ana
Papan panggonan kang katon asri
Adem, ayem, nentremake...
Goa Kreo...
Papan panggonan kang kawentar akeh ketheke
Panyawangku...
Akeh wong padha wedi
Akeh wong padha gila
Pikirku...
Asal ora ngganggu, mesthi ora bakal diganggu


Lintang
Dening : Siti Solikhah
Wengi iki langit katon cerah
Lintang pada gemebyar ana ing nduwur kana
Langit katon saya indah
Seneng ati iki nyawang kana


Merbabu
Dening : Siti Solikhah
Merbabu
Gagah ana ing kutha Boyolali
Akeh ditekani para pendaki
Merga pemandangan sing katon indah
Merbabu gunung ing Jawa Tengah


Sawah
Dening : Siti Solikhah
Tanduran iki jenenge pari
Yen sisih kiwa iki wit tela
Sing kuning iki wit jagung
Lombok ana ing sisih kana
Sawah iki
Ditanduri manca warna jenis wit
Modal mangan saben dina
Muga gusti maringi pangurip


Nelayan
Dening : Siti Solikhah
Iwak-iwak pada pathing pluncat
Nalika jaring lagi di seret
Nelayan katon pada sumringah
Merga weruh kasile polah


Kali Bening
Dening : Siti Solikhah
Banyu kali kang tansah mili
Mili midun saka nduwur
Putih bening nyenengake
Pating gemricik suarane
Uga angin kang sumilir
Nambah adem lan tentrem rasa ing ati


Kapan Jawabe
Dening : Siti Solikhah
Embuh nangdi pojokane
Embuh ngendi sambunge
Ora ngerti kepie bentukane
Ora paham sepiro jerone
Laut..
Iya kabeh mau babagan laut
Teka teki sing gawe misteri
Jawabe kapan ora ngerti


Ijo Royo-royo
Dening : Siti Solikhah
Isuk-isuk isih seger
Embun isih ngebaki godhong nang uwit
Angin sumilir alon-alon
Manuk greja mabur ngetan ngulon
Mripat iki katon seger
Nyawang latar wit-witan ana ing latar
Bekas sewengi kena udan
Kabeh seger godhonge ijo royo-royo

Komentar