Geguritan Tema Kampus
Kuliah
Dening : Siti Solikhah
Aku lunga kanggo kuliah
Nggolek ilmu sing ora ana ning ngomah
Menyang Semarang saka Magelang
Ninggal keluarga uga ninggal kanca
Rantau
Dening : Siti Solikhah
Setahun punjul wis kelakon
Urip dhewe ana ning lemah rantau
Nyandang kangen marang sekabehane
Kudu kuat lan gelem rekasa dhewe
Ora papa..
Kabeh wis diniati
Sing penting aja nganti lali
Wong tua loro kudu dibekteni
Mahasiswa
Dening : Siti Solikhah
Mangkat isuk bali sore
Tugaa gemlidir saben kuliyah
Iya, saben dina
Organisasi uga rapat tekan wengi
Kabeh wis tau tak rasakke
Ananging ..
Kabeh mau kudu seimbang
Seimbang rekasane
Seimbang ilmune
Eling, gegayuhanku kanggo nyenengke wong tuaku
Ora Nyangka
Dening : Siti Solikhah
Saiki
Dina iki
Nalika sikilku tumapak ana ing bumi
Ana ing kampus Unnes iki
Tak sawang kiwa uga tengen
Sinambi mikir sajroning ati
Ora bisa dakgambarke
Panyawangku marang kabeh mau
Ora nyangka ora tak kira
Aku ketampa ana ing kene
Sekolah
Dening : Siti Solikhah
Kuliah
Kui lanjutane sekolah
Sak metune saka SMA
Kuliah
Wayahe kudu isa berubah
Dadi bocah sik luwih nggenah
Unnes
Dening : Siti Solikhah
Salah sijine universitas negri
Sek duweni jargon konservasi
Panggone ana ing Gunungpati
Muride ana saka luar negri
Unnes
Panggone para bocah enom
Nggolek ilmu luwih jero
Diampu dosen sing pengalaman
Kanggo sangu ana ing masa depan
Aja Owah
Dening : Siti Solikhah
Aja minder aja wedi
Kabeh pada nggayuh mimpi
Sugih mlarat ora masalah
Semangat aja nganti owah
Wayahe Ngisuk
Dening : Siti Solikhah
Ngisuk yen aku bali
Bakal tak critani apa sik aku olehi
Saka suwene aku ana ing GunungPati
Lan cerita sik tak simpen ana ing ati
Embuh seneng utawa tangis
Kabeh akhire dadi crita manis
Ngisuk wayahe aku bali
Kangen kabeh kui mesti
FBS
Dening : Siti Solikhah
Fakultas Bahasa lan Seni
Fakultas sing paling di senengi
Nyata saka mahasiswa sing ana saben taun
Mesti fbs sing jumlahe unggul
Fakultas bahasa lan seni
Isine wong sing akeh imajinasi
Nggawe karya saka ati
Kanggo cerita sing ora mati
Organisasi
Dening : Siti Solikhah
Yen mbien namung genah osis
Nang kene ngerti hima utawa bem
Mbien siaga penggalang
Saiki ambalan sak kancane
Mbien rapat gurune
Saiki nyemplung langsung tambah mikit dhewe
Mbien gur pengalaman
Saiki tambah pelajaran
Dening : Siti Solikhah
Aku lunga kanggo kuliah
Nggolek ilmu sing ora ana ning ngomah
Menyang Semarang saka Magelang
Ninggal keluarga uga ninggal kanca
Rantau
Dening : Siti Solikhah
Setahun punjul wis kelakon
Urip dhewe ana ning lemah rantau
Nyandang kangen marang sekabehane
Kudu kuat lan gelem rekasa dhewe
Ora papa..
Kabeh wis diniati
Sing penting aja nganti lali
Wong tua loro kudu dibekteni
Mahasiswa
Dening : Siti Solikhah
Mangkat isuk bali sore
Tugaa gemlidir saben kuliyah
Iya, saben dina
Organisasi uga rapat tekan wengi
Kabeh wis tau tak rasakke
Ananging ..
Kabeh mau kudu seimbang
Seimbang rekasane
Seimbang ilmune
Eling, gegayuhanku kanggo nyenengke wong tuaku
Ora Nyangka
Dening : Siti Solikhah
Saiki
Dina iki
Nalika sikilku tumapak ana ing bumi
Ana ing kampus Unnes iki
Tak sawang kiwa uga tengen
Sinambi mikir sajroning ati
Ora bisa dakgambarke
Panyawangku marang kabeh mau
Ora nyangka ora tak kira
Aku ketampa ana ing kene
Sekolah
Dening : Siti Solikhah
Kuliah
Kui lanjutane sekolah
Sak metune saka SMA
Kuliah
Wayahe kudu isa berubah
Dadi bocah sik luwih nggenah
Unnes
Dening : Siti Solikhah
Salah sijine universitas negri
Sek duweni jargon konservasi
Panggone ana ing Gunungpati
Muride ana saka luar negri
Unnes
Panggone para bocah enom
Nggolek ilmu luwih jero
Diampu dosen sing pengalaman
Kanggo sangu ana ing masa depan
Aja Owah
Dening : Siti Solikhah
Aja minder aja wedi
Kabeh pada nggayuh mimpi
Sugih mlarat ora masalah
Semangat aja nganti owah
Wayahe Ngisuk
Dening : Siti Solikhah
Ngisuk yen aku bali
Bakal tak critani apa sik aku olehi
Saka suwene aku ana ing GunungPati
Lan cerita sik tak simpen ana ing ati
Embuh seneng utawa tangis
Kabeh akhire dadi crita manis
Ngisuk wayahe aku bali
Kangen kabeh kui mesti
FBS
Dening : Siti Solikhah
Fakultas Bahasa lan Seni
Fakultas sing paling di senengi
Nyata saka mahasiswa sing ana saben taun
Mesti fbs sing jumlahe unggul
Fakultas bahasa lan seni
Isine wong sing akeh imajinasi
Nggawe karya saka ati
Kanggo cerita sing ora mati
Organisasi
Dening : Siti Solikhah
Yen mbien namung genah osis
Nang kene ngerti hima utawa bem
Mbien siaga penggalang
Saiki ambalan sak kancane
Mbien rapat gurune
Saiki nyemplung langsung tambah mikit dhewe
Mbien gur pengalaman
Saiki tambah pelajaran
Komentar
Posting Komentar